Kishore Kumar Hits

dike sabrina - Dadi Siji şarkı sözleri

Sanatçı: dike sabrina

albüm: Dadi Siji


Wis tak pasrahke kabeh karo Gusti
Udane sore sing dadi saksi
Nalika kabeh iki tak lakoni ikhlas ati
Muga Gusti maringi dalan sing tak pengini
Dadi siji, tekan tuwa sesandhingan
Aja mung isa ninggalke kenangan
Arepa mengko nyawa iki uwis ilang salah siji
Ra bakal ana sing isa ngganteni
Pandongaku, tekan tuwa
Nganti sing misahke nyawa
Kangmas, aku percaya
Kowe ra gampang kena gudha
Bebarengan njaga ati
Aja ngasi ngelarani
Ya, mung siji, ya mung kowe
Tekan mati
Dadi siji, tekan tuwa sesandhingan
Aja mung isa ninggalke kenangan
Arepa mengko nyawa iki uwis ilang salah siji
Ra bakal ana sing isa ngganteni
Seka aku karo kowe isa dadi awak dhewe
Matur nuwun wis ngancani selama iki
Tak temokke kabeh bahagiaku sing tak karepke
Karo kowe, kabeh wis dadi takdire
Karo kowe, kabeh wis dadi dalane

Поcмотреть все песни артиста

Sanatçının diğer albümleri

Benzer Sanatçılar