Kishore Kumar Hits

Sodiq A. - Bungurasih şarkı sözleri

Sanatçı: Sodiq A.

albüm: Pentil Kecakot


Wis kowe pikir tenan, Dhik
Kowe mlayu melok aku?
Nang Bungurasih, kita bertemu
Wis, iki dadi tekadku
Melu Kangmas sing ning atiku
Suwarga nunut, neraka katut
Karcis peron wis tak tuku
Kabeh klambimu wis nang ranselku

Nang endi Kangmas parane
Aku ikhlas melu kowe
Numpak bis sing banter dhewe
Disaksekna kabeh penumpang
Tresnaku wis tak sandhang
Bengi iki kita nggak pulang
Wis kowe pikir tenan, Dhik
Kowe mlayu melok aku
Sing modal bonek, wani ngernet?
Ora papa, Kangmas tak eloki
Dodol kopi susu nek bengi
Rezki iku Allah sing maringi
Bungurasih, kenanganku
Terminal iki dalan uripku

Nang endi Kangmas parane
Aku ikhlas melu kowe
Numpak bis sing banter dhewe
Disaksekna kabeh penumpang
Tresnaku wis tak sandhang
Bengi iki kita ndak pulang
Wis kowe pikir tenan, Dhik
Melok aku sing ra sekolah?
Ijazahku alam semesta
Ora papa, Kangmas tak eloki
Ilmu iku kelakone laku
Gusti Allah sing ning atiku
Bungurasih, kenanganku
Terminal iki dalan uripku
Bungurasih, kenanganku
Terminal iki dalan uripku

Поcмотреть все песни артиста

Sanatçının diğer albümleri

Benzer Sanatçılar