Kishore Kumar Hits

Pendhoza - Sepur Wengi şarkı sözleri

Sanatçı: Pendhoza

albüm: Pendhoza Bojo Galak


Senenge ati iki, biso netepi janji
Janjiku marang kowe kuwi
Liwat dalan kang sepi, sasat ra nduwe wedi
Ngeterake lungaku iki
Jas-jus-jas-jus, roda-rodane wesi
Jas-jus-jas-jus, mlakune sepur wengi iki

Entenono tekaku, oh kekasihku
Roso kangen, kangenku marang sliramu
Nganti kegowo ing mimpi, oh kekasihku
Kangen rindu marang sliramu
Ning ngendi wae lakuku, kowe tetep ning atiku
S'najan abot kanggoku ninggal kutho lan awakmu
Duh kowe kekasihku, aku netepi janjiku
Entenono baliku, tresnaku mung awakmu
Tumetes eluhku mili, ono sepur wengi iki
Gawe nggreges njero ati, esem ngguyumu ngondheli
Sliramu sing tak sayang, kowe ra usah sumelang
Lungaku ra bakal ngilang utowo medot katresnan
Jas-jus-jas-jus, roda-rodane wesi
Jas-jus-jas-jus, mlakune sepur wengi iki

Entenono tekaku, oh kekasihku
Roso kangen, kangenku marang sliramu
Nganti kegowo ing mimpi, oh kekasihku
Kangen rindu marang sliramu
Angin wengi sumilir, mung kowe sing tak pikir
Aku ora sumingkir, rosoku ra iso kintir
Saben bengi sliramu tansah ono impenku
Ra ilang seko uripku opo maneh atiku
Ning dalan sing sepi iki aku mung biso nangisi
Koyo ra lilo aku adoh seko rogomu
Kangenku soyo tenanan, sliramu sing tak eman
Sesuk wajine bali bakal tak gandeng lan tak sayang
Jas-jus-jas-jus, roda-rodane wesi
Jas-jus-jas-jus, mlakune sepur wengi iki

Entenono tekaku, oh kekasihku
Roso kangen, kangenku marang sliramu
Nganti kegowo ing mimpi, oh kekasihku
Kangen rindu marang sliramu

Поcмотреть все песни артиста

Sanatçının diğer albümleri

Benzer Sanatçılar